NGARAHAKEN PUTERO WAYAH
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَ تُهْ
اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِىْ جَعَلَ اْلاَوْلاَدَفِتْنَةًلِلْوَالِدِيْن فَاَوْجَبَ عَلَيْهِمْ تَرْبِيَتَهُمْ وَتَعْلِيْمَهُمْ اُمُوْرَدِيْنِهِمْ لِيَنْفَعُوْافِىِ الدِّيْن. اَشْهَدُاَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّاللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدَاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اْلمَبْعُوْثُ بِالدِّيْنِ اْلقَوِيْم. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍوَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن. اَمَّابَعْدُ: فَيَاعِبَادَاللَّهِ! اِتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَاهْتَمُّوْابِتَرْبِيَةِاْلاَوْلاَدِوَتَعْلِيْمِهِمً. عَلِّمُوْهُمُ اْلخَيْرَوَاَدِّبُوْهُمْ بِأَنْ تَأْمُرُوْهُمْ بِاْلخَيْرِوَتَنْهَوْهُمْ عَنِ الشَّرَّ
Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken!
Monggo kito tansah ambudi doyo netepi taqwa utawi ajerih dumateng Gusti Allah, tegesipun berusaha nindaaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun. Lan monggo kito gatosaken malih bab tarbiyah utawi andidik dateng putero wayah. Monggo sami langkung telatos lan tanggap dateng perkembanganipun. Kito arahaken dateng perkawis ingkang sahe menggah agami. Supados ing tembe wingking estu-estu dados penerus ingkang sholeh-sholehah, maslahat kangge agami, bangsa lan negari, khususipun kangge tiyang sepuhipun. Amargi Gusti Allah sampun dawuh:
اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم: يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْاقُوْا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًاوَقُوْدُهَا النَّاسُ وَاْلحِجَارَةُ
Artosipun kirang langkung: “He wong-wong kang podo iman, podo ngreksoho siro kabeh marang awak siro kabeh lan ahli siro kabeh saking geni neroko kang urup-urupe saking manungso lan watu.” (Al-Qur’an, surat at_Tahrim: 6)
Lajeng dipun tafsiraken kados kasebat ing kitab Tafsir Munir, kaca: 387:
عَلِّمُوْا اَنْفُسَكُمْ وَنِسَاءَكُمْ وَاَوْلاَدَكُمُ اْلخَيْرَوَاَدِّبُوْهُمْ بِأَنْ تَأمُرُوْهُمْ بِاْلخَيْرِوَتَنْهَوْهُمْ عَنِ الشَّرِّتَقُوْهُمْ بِذَلِكَ نَارَ
Artosipun kirang langkung: “Wulangono awak siro, bojo siro lan anak-anak siro kabeh ing kebagusan. Lan wulangono tata kromo, kanthi perintah kebagusan lan nyegah saking barang kang mungkar, yen mangkono ateges siro podo ngrekso ahli saking geni neroko.”
Mekaten maknanipun dawuh dalem Gusti Allah Ta’ala. Milo migatosaken putero wayah ingkang estu puniko dados kewajiban ingkang boten enteng. Putero wayah puniko minongko amanah saking Pengeran ingkang kedah kito gula wentah kanthi sak estu, kito arahaken dateng kesahenan.
Putero wayah puniko dados fitnah kagem tiyang sepuhipun. Anamung menawi tiyang sepuh saget andidik lan ngarahaken dateng kesahenan, insya Allah dados penerus ingkang sahe lan junjung dateng martabatipun tiyang sepuh wonten ngersanipun Gusti Allah Ta’ala lan ing tengah-tengah masyarakat. Sewalikipun, menawi putero wayah dados tiyang awon lan bejat, kito minongko tiyang sepah ugi katut angsal kapitunanipun. Lan sedoyo kolo wahu ingkang gadhah peranan penting inggih tiyang sepahipun. Kados dawuhipun Kanjeng Nabi ingkang surahosipun: “Saben-saben anak iku den lahiraken kanthi netepi fitrah. Wong tuwone sing andadeaken Yahudi utowo Nasroni. “
Tegesipun abang-birune putero wayah puniko langkung kathah tergantung dumateng tiyang sepuhipun. Menawi sak estunipun dipun arahaken dateng kesahenan, dipun geladhi kanthi telatos, insya Allah agung harapanipun dados penerus ingkang migunani ing tembe wingking.
Sak lajengipun, poro rawuh ingkang minulyo! Ingkang dipun kersaaken ngarahaken utawi ndidik putero wayah ingkang leres inggih puniko:
Sepindah (1), mucal putero wayah dateng perkawis agami. Awit alit dipun wucal ngahos. Dipun dasari tauhid. Supados putero wayah puniko ngertos lan ngenal dateng Pengeranipun kanthi leres. Ugi kito latih ngulinaaken ngelampahi dawuh-dawuhipun Gusti Allah. Khususipun ibadah sholat ingkang dados cagaipun agami. Puniko kedah kito gatosaken ingkang sak estu. Kanjeng Nabi Muhammad Saw. sampun dawuh:
عَنْ اَبِىْ ثُرَيَّةَسَبْرَةَبْنِ مَعْبَدٍاْلجُهَنِىِّ رَضِِىَ اللَّهُ عَنْهُ قَالَ: قَالَ رَسُوْلُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: عَلِمُوْا الصَّبِيَّ الصَّلاَةَلِسَبْعِ سِنِيْنَ وَاضْرِبُوهُ عَلَيْهَا اْبنَ عَشْرِسِنِيْنَ
Artosipun kirang langkung: “Cinarito saking Abi Sabroh bin Ma’badil Juhanni r.a., yen Gusti Rasulillah Saw. dawuh: ‘Wulangono bocah cilik ing sholat naliko wus umur pitung tahun. Lan pukulo kerono tinggal sholat naliko umur wus sepuluh tahun. “ (Hadis riwayat Ahu Dawud. Hadis hasan)
Kaping kalihipun (2), monggo kito langkung tanggap lan anggatosaken dateng perkembangan lan pergaulanipun. Sebab lare-lare zaman akhir puniko langkung kenal werni-werni kaliyan lingkunganipun. Boten kados lare-lare wonten ing zaman kito rumiyin. Ngaten wahu penting sanget, punopo malih wonten ing zaman akhir puniko kathah model-model, kebudayaan-kebudayaan awon saking milahi melebet lan mbekto pengaruh ingkang boten sekedhik. Budaya mabuk-mabukan, perjudian tuwin pergaulan bebas antawis jaler esteri. Ugi kebudayaan-kebudayaan ingkang asalipun saking ningali nonton film, TV, video utawi majalah-majalah lan buku-buku ingkang dipun sade dining tiyang-tiyang ingkang boten bertanggung jawab.
Budaya-budaya ngaten kolo wahu menawi boten dipun atasi kanthi benteng ingkang kiyat, utawi kito tiyang sepah boten cepet tanggap, boten mustahil putero wayah kito badhe katut dateng kebudayaan awon kolo wahu.
Lajeng kaping tiganipun, Inggih puniko usaha batin, tegesipun kito tiyang sepah sampun pegot-pegot anggenipun dungo nyuwun dumateng Gusti Allah Ta’ala supados putero wayah kito dipun dadosaken penerus ingkang sahe, sholeh-sholehah.
Insya Allah menawi kito saget ngamalaken cara-caranipun ngarahaken lan andidik putero wayah kanthi leres, putero wayah kito ing tembe wingking dados penerus ingkang sholeh-sholehah. Amin ya robbal alamin.
Minongko penutupipun khotbah puniko, ing mriki kawulo ngemutaken bilih ing zaman akhir puniko kathah tiyang ingkang anggenipun ngarahaken putero wayah namung terbatas dateng arahan kadunyan mawon. Perhatosan pendidikan agami dipun kalahaken. Ngingeti ingkang kados mekaten, kito umat Islam sampun ngantos terpengaruh ingkang kados mekaten.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْم. وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ بِاْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم. اِنَّهُ هُوَاْلبَرُّالرَّؤُفُ الرَّحِيْم. اَعُوْذُبِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَنِ الرَّجِيْم. يَا اَيُّهَا اْلذِيْنَ أمَنُوْاقُوْا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارَا الَّتِىْ وَقُوْدُهَا النَّاسُ وَاْلِجَارَةُعَلَيْهَامَلَئِكَةُغِلاَظٌ شِدَادٌلاَيَعْصُوْنَ اللَّهَ مَا اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَايُؤْمَرُوْن. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُالرَّاحِمِيْن